TEKS CERKAK



PERTEMUAN 2

A.     KOMPETENSI DASAR

3.1  Mengidentifikasi, memahami dan menganalisis  struktur teks, unsur kebahasaan, dan pesan moral cerita fiksi (wayang/cerita pendek /folklor/topèng ḍhâlâng) secara lisan dan tulis

4.1  Mengapresiasi cerita fiksi (wayang/cerita pendek/folklor/topèng ḍhâlâng) secara lisan dan tulis.

 

B.     TUJUAN

Setelah membaca teks cerita pendek, siswa diharapkan dapat

1.      menentukan unsur kebahasaan teks cerita pendek dengan tepat.

2.      menentukan pesan moral dari teks cerita pendek dengan cermat.

 

C.      MATERI

UNSUR BASA TEKS CRITA CEKAK

Unsur basa ing cerkak, yaiku ngenani ukara sing digunakake ing  sajroning cerkak ditilik saka jinise lan unggah-ungguhe basa. Ditilik saka jinise, unsur basa sing digunakake ana loro, yaiku ukara langsung lan ukara ora langsung. Dene ditilik saka unggah-ungguhe, dibedakake dadi basa ngoko lan krama.

1.     Ukara lansung lan ora langsung

a.       Ukara langsung (kalimat langsung)

Ukara langsung, yaiku ukara kang dipocapake langsung.

Tuladha: Ibu ngendika, “Kowe kudu sekolah.”

b.      Ukara ora langsung (kalimat tidak langsung)

Ukara ora langsung, yaiku ukara kang nyritakake omongane wong liya.

Tuladha: Ngendikane Ibu, aku kudu sekolah.

 

Ukara Langsung

Ukara ora Langsung

Jordan kandha, “Aku seneng wulangan basa jawa.”

Jordan kandha, yen dheweke seneng wulangan basa jawa.

Pak Guru ngendika, “Dadi murid iku sing sregep sinau ben pinter.”

Ngendikane Pak Guru, murid iku kudu sregep sinau ben pinter.

 

2.     Unggah-ungguh Basa

Unggah-ungguh basa iku kaperang dadi loro, yaiku ngoko lan krama. Ing ngisor iki  dijlentrehake babagan unggah-ungguh basa.

a.      Basa Ngoko

Basa ngoko kaperang dadi loro kaya ing ngisor iki.

1)     Ngoko Lugu

Ngoko lugu, yaiku ukara kang dumadi saka susunan tembung ngoko kabeh ora kacampuran tembung krama inggil.

Basa ngoko lugu iku digunakake kanggo

a)     Guneman marang wong sing sadrajad (sebaya) sing wis kulina (akrab)

b)     Guneman marang wong sing luwih enom

Tuladha:

Ø  Kowe arep lunga menyang ngendi?

2)     Ngoko Alus

Basa ngoko alus, yaiku ukara kang dumadi saka susunan tembung ngoko kang kacampuran tembung krama inggil.

Basa ngoko alus iku digunakake kanggo

a)     Wong tuwa marang wong enom kang perlu diajeni.

b)     Wong enom marang wong kang luwih tuwa sing wis raket

c)      Ngajeni wong sing diajak guneman.

Tuladha:

Ø  Panjenengan arep tindak menyang ngendi?


b.     Basa Krama

Basa krama kaperang dadi loro kaya ing ngisor iki.

1)     Krama Lugu

Krama lugu, yaiku basa kang tembunge lugu/krama kabeh ora kacampuran tembung krama inggil.

Basa krama lugu iku digunakake kanggo

a)     Guneman marang wong sing sadrajad (sebaya) sing durung kulina (during akrab)

Tuladha:

Ø  Sampeyan badhe kesah dhateng pundi?

 

2)     Krama Alus

Krama alus, yaiku basa kang tembunge alus lan kacampuran tembung krama inggil.

Basa krama lugu iku digunakake kanggo

a)     Wong enom marang wong tuwa

b)     Marang wong sing luwih dhuwur drajade

Tuladha:

Ø  Panjenengan badhe tindak dhateng pundi?

 

PESAN MORAL ING CERKAK

Saben-saben  pangripta  nalika  nulis  sawijine  karangan  crita  cekak  mesthi nduweni tujuan  tartamtu kang awujud pesen (amanat) lan pitutur marang sapa wae sing maca. Pesen (amanat) lan pitutur iku kalairake lumantar isi critane, pacelathon antarane paraga siji lan sijine, sarta watak-watake saben paraga.

 

Tuladha:

Sing Nandur Bakal Ngundhuh

Dina iki dagangan Bu Umi lagi sepi, amarga lagi mangsa rendheng saengga akeh pohung sing kebanjiran lan dadi ora enak dipangan. Wektu iki Ilham lagi butuh bayaran kanggo tuku buku lan seragam anyar. Bu Umi mung bisa sabar ngadhepi kuwi kabeh mau lan ngupayakake golek gaweyan liya sing bisa disambi dodol pohung. Bu Umi wis siyap-siyap ngukuti dagangane amarga wis jam sanga esuk. Nanging, Bu Umi mandheg sedhela amarga ana bocah cilik sing nangis neng ngarepe. Bu Umi banjur nyedhaki bocah kuwi mau.

“Hlo, ngapa nangis, Ndhuk?” pitakone Bu Umi marang bocah kuwi.

“Aku nggoleki ibuku,” semaure nganggo basa ngoko amarga durung ngerti basa krama.

“Hla Ibumu sapa? Kepriye bisa pisah karo ibumu?” Bu Umi takon meneh marang bocah kuwi karo ngajak lungguh menyang lincak sing dinggo dodol Bu Umi.

“Aku pengin tumbas permen, aku nggoleki sing dodol permen.” semaure bocah kuwi karo isih nangis.

“Hla wis sida tuku permen?” pitakone Bu Umi karo njupuk wedang kanggo bocah kuwi.

Bocah iku mung gedheg lan malah tambah banter nangise.

“Oo… ya wis kowe nunggu ning kene wae karo ngombe wedang iki dhisik, Ibu arep numbasake permen kanggo kowe lan nggoleki ibumu dhisik ya?” welinge Bu Umi menyang bocah kuwi.

Sawise bocah iku meneng nangise, Bu Umi banjur tuku permen. Sanadyan regane larang, Rp5.000, nanging Bu Umi tetep numbasake permen kanggo bocah kasebut. Bu Umi ora tega karo bocah sing lagi nangis kuwi. Ing tengah pasar Bu Umi ngerti ibu-ibu sing katon bingung. Bu Umi marani ibu-ibu mau.

“Nyuwun sewu, menapa panjenengan nembe madosi putranipun?” pitakone Bu Umi marang ibu-ibu kuwi.

“Inggih leres, Bu. Menapa panjenengan mangertos anak kula?” ibu-ibu mau noleh menyang Bu Umi sing nakoni saka mburine.

“Menika wonten bocah putri ugi madosi ibunipun. Menapa leres putranipun panjenengan?” pitakone Bu Umi kanthi ngeterake menyang papan sing dinggo dodol Bu Umi.

“Ya ampun, Ndhuk. Kowe ning ngendi wae? Ibu sing nggoleki nganti bingung banget.” Bu Nurul, ngono asmane ibu-ibu kuwi, langsung nggendhong anake kuwi mau sing wis ora nangis.

Bu Umi njlentrehake kadadean mau marang Bu Nurul.

“Matur nuwun sanget nggih, Bu. Amargi sampun njagi anak kula,” Bu Nurul nyalami tangane Bu Umi kanthi mesem, bungah.

“Inggih Bu, sami-sami,” wangsulane Bu Umi kanthi menehake permen marang bocah kuwi mau.

Penulis: Kusmira Dwi Ayuani,

Mahasiswa Program Studi Pendidikan Bahasa Jawa Universitas Sebelas Maret

 Pitutur utawa pesan moral kang bisa dijupuk saka pethikan teks cerkak ing dhuwur, yaiku dadi wong iku kudu welas asih lan seneng tetulung marang liyan kanthi ikhlas.


D.     UJI KOMPETENSI

        I.            Ukara-ukara  langsung  ngisor  iki owahana  wujude dadi ukara ora langsung lan suwalike!

1.   "Prakara menang utawa kalah lomba kaya sing kok omongne iku mau prakara lumrah," ngendikane ibune.

2.     "Kekompakan kelas iku ora tuwuh karepe dhewe," ngendikane ibu.

3.   Bapak  Kepala  Sekolah  ngendika  menawa  murid-murid  ora   pareng metu saka pekarangan sekolah ing wektu ngaso.

4.     Rini kandha yen dheweke dhek wingi oleh hadhiyah buku.

5.   Dea  matur,  "Kelas  kula  kawon  kaliyan  kelas  sanese  amargi  kanca-kanca boten kompak kados rumiyin."

      II.            Ukara-ukara nganggo basa ngoko iki owahana  dadi basa krama utawa suwalike!

1.       Bapak tindak dhateng Semarang nitih kreta  tabuh gangsal enjing.

2.       Eyang lagi teka saka Semarang.

3.       Kowe mau bengi turu jam piro?

4.       Bu Rini maringi yatra gangsal ewu kagem tumbas gendhis abrit.

5.       Bukune digawa mulih Bu Guru.


* Gladhen ing dhuwur dikerjakne ing buku tugas, banjur difoto lan dikirim ing link ngisor iki.


8A


8B


8C


8D




 

 



Comments

Popular posts from this blog

TEKS CERKAK

TEKS RAGAM BASA LAN BASA RINENGGA