TEKS CERKAK
gambar: budayanusantara.web.id |
PERTEMUAN 1
A. KOMPETENSI DASAR
3.1 Mengidentifikasi,
memahami dan menganalisis struktur teks,
unsur kebahasaan, dan pesan moral cerita fiksi (wayang/ cerita pendek /folklor/topèng
ḍhâlâng) secara lisan dan tulis
4.1 Mengapresiasi
cerita fiksi (wayang/ cerita pendek /folklor/topèng ḍhâlâng) secara lisan
dan tulis.
B.
TUJUAN
Setelah membaca teks cerita pendek, siswa diharapkan dapat
1.
mengidentifikasi isi teks cerita pendek dengan
tepat secara mandiri,
2.
mengidentifikasi struktur teks cerita pendek secara
tepat.
C.
MATERI
Cerita cekak utawa kang biasa sinebut kanthi cekakan cerkak iku
salah sijine bentuk karya sastra kang arupa gancaran (prosa). Crita cekak utawa
cerkak, yaiku crita kang ngandharake lelakon utawa kedadean kanthi ringkes,
saka wiwitan nganthi pungkasan. Cerkak
iku nyritakake sawijine paraga (tokoh) ing saperangan uripe.
Crita cerkak nduweni titikan (ciri-ciri) kaya ing ngisor iki.
1. Critane
ringkes.
2. Ukara sing digunakake
uga ringkes.
3. Tembung-tembunge
gampang dimangerteni.
4. Prastawa kang diceritakake mung siji.
Senajan cerkak iku ringkes, cerkak duweni unsur kang mbangun crita. Unsur kasebut dibedakake dadi unsur intrinsik lan ekstrinsik. Unsur intrinsik cerkak, yaiku unsur kang mbangun cerkak saka sanjerone cerkak
1. Tema, yaiku gagasan
utawa idhe kang dadi underane crita.
Tuladhane:
pendhidhikan, kabudayan, lan sapanunggale.
2. Alur/plot,
yaiku rerangkeane kedadean utawa prastawa saka wiwitan nganthi pungkasan ing
sajroning cerkak. Ing sajroning crita, lumrahe alur
iku ana limang tahapan, yaiku:
a)
Eksposisi/pengenalan, yaiku nepungake kahanan, paraga, uga gegayutan antarane paraga
siji lan sijine kang diceritakake.
b) Komplikasi, yaiku njlentrehake kedadean
kang ndekekake sumbering perkara.
c) Klimaks, yaiku wimbuhing perkara
kang dialami dening paragane.
d)
Peleraian, yaiku mentokake paraga bisa ngrampungi perkoro apa orane. Paraga
iku uga disebut klimak.
Alur kaperang dadi loro kaya ing ngisor iki.
a) Alur maju, yaiku rerangkeane crita diwiwiti saka asale kedadean
nganthi akhie kedadean kanhi runtut.
b) Alur mundur, yaiku rerangkeane crita diwiwiti saka kahire
kedadean.
3. Paraga, yaiku
pelaku kang ana in sajroning cerita. Pamaragan (penokohan), yaiku kepriye anggone nemtokake wujud lan watake
paraga. Paraga bisa dimangerteni karakter saka tumindake, ciri fisike,
lingkungane, lan sapiturute.
4. Latar/setting, yaiku katrangan babagan papan
panggonan, wektu, lan swasana ing sajroning cerita. (Papan: pasar, sawah, omah;.
wektu: esuk, awan, sore; kahanan: rame, sepi, lan sapanunggale).
5. Sudut
pandang/point of view, yaiku carane penulis anggone ngetrapake paraga ing sajroning crita. Sudut
pandang crita
kaperang dadi telu kaya ing ngisor iki.
a. Panganggit (pengarang)
nggunakake sudut pandang paraga utama lan tembung sesulih wong kapisan,
contone: aku, kula.
b. Panganggit
nggunakake sudut paraga kapindo lan nggunakake tembung sesulih wong kapindo, contone:
kowe, sampeya, panjenengan.
c. Panganggit
nggunakake sudut pandang paraga wong katelu lan nggunakake tembung sesulih wong
katelu, contone: dheweke, piyambake.
6. Amanat, yaiku piweling utawa pesen kang diwenehake pengarang marang wong
kang maca cerkak.
Unsur ekstrinsik
cerkak, yaiku unsur kang mbangun cerkak saka sanjabane cerkak. Senajan unsur ekstrinsik
iku ana ing sanjabane crita, unsur iki tetep memengaruh isi cerkak, kayata latar buri kauripan pengarang, adat istiadat, budaya, lan
sikap utawa situasi sosial pas cerito kuwi diciptakne.
D. CONTONE CERKAK
Ing ngisor iki contone cerkak kang kajupuk saka majalah Jayaba. Wacanen kanthi patitis supaya bisa mangerteni isi lan strukture.
T O P E N G
Dening : Oemaryanto
Buntelan sing diwadhahi tas kresek ireng iku dicepitake ing boncengan buri. Lawang omahe digembok banjur nggenjot sepedhah jengkine urut dalan padesan. Ora suwe wis tekan dalan gedhe jurusan Jombang – Kandhangan, sing isih sepi saka kumliwere kendharaan. Sauntara ing brang wetan, sunare surya wiwit sumamburat abang.
Alon-alon
Syahri mancal sepedhahe. Saka omahe ing Kandhangan nguon-ngidul parane. Dina
iki sing dituju pasar Pamenang – Pare. Simbah saka putu lanang siji thil iki
suthik dikalahake karo umur. Kisut tuwa lan krenggosane napas dudu pepalang
kanggone Syahri kanggo ngisi dinane kanthi tangi isuk lan tumandang gawe
sadurunge srengenge njedhul.
“Ayo,
Dhik Kasun. Aku dhisik...” sapane marang Kasun Parno sing lagi ngenteni bojone
ing ngarep wartel Mawar. Sing disapa mlengos, mbuwang panyawang karo
ethok-ethok ora krungu. Syahri ora kaget. Batine mung mesem. Wis ngira yen sapa
aruhe bakal ora dipaelu. Mulane dadi uwong gak usah neka-neka, batine maido
tanggane iku. Kurang luwih seminggu kepungkur Kasun Parno mampir omahe. Saka
bale desa, sebab panas banjur ngisis ing emper lungguh lincak ngarepan omahe
Syahri sing pancen isis. Kebeneran awan iku Syahri lagi ngresiki topeng-topeng
tinggalane wong tuwane. Topeng-topeng iku wis tuwa. Kayune ireng nggales, kelir
lan cete akeh sing wis burem. Biyen ana sing arep nuku, nanging ditulak.
Senajan ajine ora sepira nanging topeng-topeng iku kabeh dianggep warisane
kulawarga. Mung loro sing gaweyane Syahri dhewe.
Garapane
kasar, wangune kaya badhut, pating pendhosol kaya wong lahi ngenyek lan
nyungir. Ing burine ana kain kanggo nutupi sirah. Dadi sapa bae sing nganggo
topeng iku ora bakal diweruhi sapa sing ana walik topeng iku. Iya topeng badhut
rai abang lan ireng iku sing saben dina diajak makarya mbarang turut pasar.
“Topeng
kaya badhut iki kok beda karo liyane, Kang?” pitakone Kasun Parno nyekel topeng
badhut praen abang.
“Iya,
wong gaweyanku dhewe. Bahane saka kayu waru. Takgarap sabisaku, sing penting
ngrejekeni,”
“Saka
kelire isih anyar ya, Kang?”
Syahri
banjur nerangake yen nggawene rong taun kepungkur sawise Karmidi anake rabi lan
boyong menyang Bogor kae.
“Wah,
bolongane mripat kurang amba, Kang iki,” kandha ngono Kasun Parno karo njajal
topeng badhut sing praen ireng.
“Ora
apa-apa, Dhik. Nganggo topeng iku bisa weruh kanyatan tanpa disumurupi dening
liyan,”
“Maksude,
Kang?”
“Nalika
takenggo nyambut gawe mbarang turut toko, ora nyana aku weruh salah siji
prangkat desa sing lagi boncengan karo wanita liya...” kandhane Syahri isih
karo ngelapi topeng-topenge.
“Sapa?
Sampeyan nate weruh sapa, Kang?” Kasun Parno kandha lirih karo nyedhaki
lungguhe Syahri sing mung ana dhingklik ngisor iku.
“Pokoke
ya prangkat desa, sing mesthine dadi contone warga. Wanita sing dibonceng dudu
bojone. Kira-kira ya... wong digonceng ki sajak mesra banget. Ndadak lendhetan
barang neng pundhake sing bonceng...”
Durung
tutuk olehe crita Kasun Parno ngadeg nyat lan njaluk pamit kesusu banget.
“Lho,
Dhik.. bukune kari.. iki lho...”
Sepisan
maneh Syahri mesem. Sepedhah jengkine digenjot alon sajak tanpa sanggan. Akeh
sing wis disumurupi. Akeh wong sing wis dikonangi. Mulane ngamen topeng badhut
iku ditlateni. Ora mung asile nanging pengalaman-pengalaman sing bareng tuwa
iku bisa nguwatake imane, nggedhekake rasa syukur marang Gustine.
Tekan
buk pinggir kali ana sawetara pemudha lagi cangkruk. Ana sing nggawa gitar lan
ketipung. Sajake lagi ngenteni liwate bis esuk.
“Ayo,
Mas. Menyang pasar ora?”
Nadyan
sapa aruhe iku mau cetha dirungu, nanging para mudha iku ora ana sing
wangsulan. Salah sijine sing klambi kothak-kothak malah mentheleng sajak
nyimpen dendam. Syahri ngguyu plengeh. Mulane nyambutgawe ing pasar sing bener,
Le, batine.
Telung
dina kepungkur Syahri lan topeng badhute ngonangi klambi kothak-kothak mau
nyopet ing pasar Peterongan. Nalika dheweke wiwit ngamen, tetembangan karo nauh
terbang cilik. Sirahe lenggut-lenggut awake obah manut wiramane lagu. Lho kok
dumadakan ana pemudha loro melu suk-sukan ing antarane ibu-ibu sing blanja.
Sing klambi kothak-kothak banjur ngetokake silet. Tas kulit iku suwek kena
silet. Isine diodhos-odhos. Dhompet, hp, dicopet lan kanthi cepet dilungake
kancane. Sing nampani enggal sumingkir ngadoh saka kerameyan.
Ora
suwe kedadeyane. Ibu-ibu sing kecopetan bengok-bengok. Pemudha klambi
kothak-kothak iku nyingkir mbalik dalan. Saking kesusune nubruk Syahri sing wis
tekan burine. Pemudha iku mandheg sedhela. Mripate menthelengi Syahri sajak
ngincim, ora sah melu cawe-cawe. Sing dipenthelengi mung mesem. Naning eseme
ora ketok sebab ketutupan topeng badhut ireng.
Dina
iki topengku weruh sapa nyopet lan sapa sing dicopet tanpa bisa tumindak
apa-apa. Mulane sing klambi kothak-kothak ing pinggir dalan iku mentheleng
tajem nalika disapa Syahri. Salahmu dhewe, Le, batine Syahri.
Wusana Syahri tekan ing pasar Pamenang sing wis wiwit rame dening umyeke wong dol tinuku. Sepedhah jengkine dituntun lan dititipake ing warung langganane. Buntelan ing tas kresek dijupuk nuli jumangkah tumuju toilet. Sepuluh menit sabanjure Syahri wis njedhul saka toilet. Sandhang penganggone wis salin. Klambine tambal-tambal nganti sadhengkul dawane. Wetenge mblendhuk, nganggo topeng badhut lan nyekethem terbang cilik. Banjur terbang ditabuh, lambene wiwit nembang ing sangarepe bakul. Dhuwit klithik pawewehe bakul lan uwong sing padha welas dilebokake ing kanthong klambi sing sengaja digawe luwih gedhe.
Uga ana bakul sing ora menehi tur malah grenengan. Syahri ora ngresula. Saumpama Syahri arep mecucu apa ngece-ece uga ora ana sing ngerti sebab kabeh mau ketutupan topeng badhut rai ireng iku.
Tekan bakul pracangan sisih pojok kidul jangkahe Syahri kandheg. Anggone tetembangan saya lirih. Sirahe menga-mengo. Swarane terbang uga wis ora pati ana wiramane. Saka walike topeng Syahri weruh ana sawenehing wanita lagi blanja karo nggandheng anake lanang sing isih cilik. Wanita iku ditamatake. Jebul Hardini, mantune dhewe sing kudune ana ing Bogor kana. Kapan olehe bali? Dhadhane Syahri tratapan. Sauntara bocah cilik iku wiwit wedi. Bocah iku wedi marang topeng badhut praen ireng sing dianggo Syahri.
“Ora
sah wedi,.. ora apa-apa kok!” kandhane ibune semu kudu ngguyu. Syahri mundur
alus. Dheweke enggal metu saka jero pasar. Nuli lenger-lenger ing trotoar
ngisor wit waru. Topenge isih dienggo, jantunge isih dheg-dhegan. Apa mantuku
iki entuk cuti saka pabrik? Dheweke bali dhewe apa bareng karo Karmidi? Kapan
tekane? Apa Hardini njujug omahe wong tuwane ing kana? Pikirane Syahri saiki
umyek, kaya umyeke wong-wong ing pasar.
Saploke
Karmidi, anake lanang rabi entuk Hardini lan nyambutgawe ing Bogor kana, Syahri
pancen arang-arang banget ketemu. Mung setaun sepisan, yen dhong riyayan.
Sauntara Syahri sing lumuh nganggur iku, uga ora tau krasan yen mung meneng ana
omah. Dheweke uga suthik yen mung njagakake kiriman blanja saka Karmidi.
Sedhenge tenaga tuwane wis ora kuwat nyandhak pegaweyan kasar. Mula banjur
nekad ngamen turut dalan, turut pasar.
Pegawayan
iku ora dingerteni dening anake lanang uga mantune si Hardini. Anggone ngamen
nganti tekan puluhan kilometer adohe saka desane. Tangga teparone wae arang
sing ngerti yen Syahri iku pengamen. Malah ora sithik sing ngira yen dheweke
iku bakul topeng. Lan dina iki anggone ngamen jebul adhep-adhepan karo mantune
dhewe. Muga-muga bae dheweke ora ngerti.
“Topeng
nakal!” aloke bocah cilik saka burine Syahri.
Klothak!
Tangane bocah cilik iku nyampe topenge Syahri. Karet sing nyanthol ing kupinge
pedhot, topenge coplok lan ceblok ing pangkone Syahri. Syahri gragapan kaget.
“Lho?...Pak!
Njenengan kok... ” aloke Ibune si bocah mau semu ora percaya. Syahri klincutan.
Lambene rinasa abot ora bisa guneman. Dipeksa mesem kanggo nutupi isin, tetep
ora bisa. Sedhenge wanita sing ora liya Hardini iku jumangkah nyedhak, batine
isih ora percaya karo apa sing dinulu.
“Sepurane...Ndhuk...,”
guneme Syahri kaya kolu ing gorokane. Topenge saiki ngglundhung ing lemah.
Topenge
sing gumlethak neng lemah dijupuk. Topeng sing dianggep bisa weruh kasunyatan
tanpa disumurupi liyan, topeng sing bisa gawe seneng lan wedine liyan, topeng
sing bisa dijak nyambut gawe. Topeng sing sasuwene iki bisa kanggo ndhelik saka
kanyatan, jebul dina iki wis miyak wadine dhewe.
*****
(Jaya
Baya 12, 2005 : 28 - 19)
UJI KOMPETENSI
Supaya luwih mangerteni materi babagan cerkak, kerjakno gladhen kanthi klik link ing ngisor iki!
Comments
Post a Comment