TEKS CERKAK


PERTEMUAN 4

A.     KOMPETENSI DASAR

3.1  Mengidentifikasi, memahami dan menganalisis  struktur teks, unsur kebahasaan, dan pesan moral cerita fiksi (wayang/cerita pendek /folklor/topèng ḍhâlâng) secara lisan dan tulis

4.1  Mengapresiasi cerita fiksi (wayang/cerita pendek/folklor/topèng ḍhâlâng) secara lisan dan tulis.

 

B.     TUJUAN

Setelah membaca teks cerita pendek, siswa diharapkan dapat

1.      menceritakan relevansi isi cerita pendek dengan kehidupan sehari-hari secara lisan atau tulis dengan tepat.

 

C.      MATERI

RELEVANSI ISI CERKAK

Cerkak iku salah siji wujude karya sastra Jawa.  Dene karya sasta iku gegayutan (berkaitan) karo panguripan saben dinane utawa urip saiki. Ing sajroning cekak, dicritakake macem-macem watake paraga (tokoh), watak sing apik utawa suwalike. Saka tuladha sing apik bisa ditiru lan tumindak ala sing kudu nyingkiri. Ing cerkak uga nyritakake macem-macem budaya, masalah lan kepriye carane paraga kuwi mau mutusake masalah kasebut. Saka macem-macem perkara iku, pamaca bisa njupuk nilai-nilai panguripan lan bisa nindakake nilai kasebut ing panguripan saben dinane.

Sakliyane iku, saben-saben  pangripta/penulis  nalika  nulis  sawijine  karangan  crita  cekak  mesthi nduweni tujuan  tartamtu kang awujud pesen (amanat) lan pitutur marang  sapa wae sing maca. Pesen (amanat) lan pitutur iku kalairake lumantar isi critane, pacelathon antarane paraga siji lan sijine, sarta watak-watake  saben  paraga.

 

TULADHA

BALAPAN

Ing jaman saiki akeh bocah cilik ingkang pada iso nunggang motor. Salah sijine Aji ingkang ngumur sewelas tahun  utawa kelas lima SD. Amerga wis ngrasakake kepenake nunggang motor, dadi kebiasane Aji yen dolan-dolan nganggo motor. Menawa miturut negara sing oleh numpak montor iku tiyang kang uwis anduweni SIM utawa Surat Ijin Mengemudi.

Ing wayah sore, Fatih kancane Aji moro ing ngomahe.

“Ji, aji…aji….” Fatih bengak-bengok ing ngarep omahe Aji.

“ Woi…..dilit” suarane Aji saka njero ngomah.

Let sadela suara pating gedebuk kaya ana lindu dirasake Fatih .

“Wah…. Iki apa sek tak goleki, lagi ngopo Ji kok suwe banget?” pitakone Fatih marang Aji kang lagi wae mlayu marani Fatih.

“He..he..he..he lagi wae madang, alhamdullilah wareg!!”

“Wuuuuu…..awak wae sing digedheke, pikiran ya digedheke !” celathune Fatih.

 “Kadingaren dolan sore-sore, ana apa?” pitakone Aji.

 “Ayo Ji mubeng-mubeng nganggo motor. Engko balapan wis, gelem ra?” jawabe Fatih karo cengar-cengir.

 “Ayo!!! paling sampeyan yo kalah mas bro.”

 “Weh aja ngremehke, ngeneki aku wis tau juara balap karung jhe.”

“Apa hubungane ro ciduk???”

“Ha…ha..ha… dingo adus.” Jawabe Fatih karo ngguyu cekikikan.

Sak banjure Aji mlebu ing garasi ngetokake motore. Treng…treng…teng….teng…teng… suara motor jet collede Aji lan Fatih kaya wajan kang ditutuki marang ibune Aji pas lagi duka.

“Siap rung Tih?”pitakone Aji kang wos siap arep balapan.

“ Siap ndan.” Wangsulane Fatih

“Siji…loro…telu…”

Treng …..treng….teng….teng…..Aji lan fatih pada banter-banteran numpak montor mubeng ndesa. Wong loro kuwi pada selip-selipan kaya balapan motor antarane Valentino Rossy lan Lorenzzo.

Ana ing pertelon, Aji lali ora ngurupake klakson. Ora nyongko ing lawan arah ana bakul some. Aji kaget banget, dheweke bingung lan gugup.

“Lik….lik….lik…awas”

Grubyuk, klonteng, tlepok-tlepok-tlepok. Some kang ana ing kwali pada menculat ing lemah. Praupane Aji lan Fatih mbalek sak untara, dadi pucet kaya mayet kang arep dikubur.

 “Kepriye tha le…? Nek numpak motor aja banter-banter. Daganganku temumplak kabeh, piye nek ngeneki?”pituture bakul some.

“Kula nyuwum pangapunten pak, sak estu kula mboten sengaja” jawabe Aji kang kaweden. “Saiki daganganku uwis ora payu,amerga someku tak tumplakke. Kowe kudu ngijoli duit seket ewu”

 “Injih pak, kula tetep tanggung jawab. Kula tak mantuk rumiyin mendet arta.”

Akhire Aji lan Fatih tarikan selawe ewu-selawe ewu kanggo ngijoli tukang some kang uwis ditabrak sewau. Sakwise kajadian kasebut Aji lan Fatih uwis ora wani nupak motor banter-banter.

(https://tugas-sekolah2016.blogspot.com/2018/05/kumpulan-contoh-cerkak-bahasa-jawa.html)


Relevansine saka isi cerkak ing dhuwur yaiku, akeh bocah kang kurang ati-ati nalika numpak motor, kamangka sing oleh umpak motor iku sing wis duweni SIM. Sebagian uga ora nggatekake bebayane balapan motor. Banjur pitutur kang iso dijupuk yaiku, yen tumindak iku kudu ngati-ngati amarga apa sing dilakokake kanthi grusa-grusu tanpa ati-ati iku bisa mbebayani kanggo wong liya.

 

GLADHEN

Wacaen cerkak ing ngisor iki!

Tulung Tinulung

Dening: Agus Kurniawan

Suluh mangkel banget yen ana tanggane sing duwe gawe, merga ibune mesthi melu rewang. Kamangka yen rewang ora mung sak jam rong jam. Nanging wiwit isuk nganti sore. Kadhangkala malah nganti wengi lagi kondur. Kaya-kaya ibu luwih ngutamakake urusane tangga tinimbang kepentingan keluargane dhewe.

“Wong duwe gawe iku rak ora saben dina ta, Luh. Ora ana eleke yen ibu melu rewang. Pancen tenagane ibu ing kana banget dibutuhake” mangkana wangsulane ibu nalika Suluh protes, merga ora seneng yen ibune kenemenen olehe enthengan tangan.  

Ibu pancen demulur lan seneng tetulung. Sapa bae sing mbutuhake tenagane, mesthi sumadya. Dhasare pinter olah-olah, tandang gawene cag-ceg, ndadekake tangga-tangga seneng nyambat ibu yen dhong repot. Mula yen ana tangga nampa arisan, nganakake pertemuan liyane, kena dipesthekake ibu sing masakake suguhane. Apa maneh yen anggone duwe gawe gedhen, kaya sunatan apa mantenan, ibu mesthi ora ketinggalan.

Awan kuwi nalika mulih sekolah Suluh muring-muring. Ya merga ibune rewang maneh. Atine getem-getem weruh lawang omah dikunci, ditempleki kertas sasuwek ana tulisane ibu; ibu rewang ana omahe bulik Lis. Kunci omahe dakseleh ana panggonan biasane.

Kanthi nggedrukake sikil merga mangkel Suluh mlaku limang jangkah tumuju pot kembang panggonane ibu nyingidake kunci. Bareg wes mlebu rasa mangkele ora lerem, nanging tansaya ndadi. Ora mangkel piye, lha wong meja lan lemari makan kosong mlompong, ora ana isine apa-apa!

“Ibu mau mesti ora masak! Jan-jane kepriye ta arepe ibu iki? Saben-saben mesthi luwih mentingake tangga tinimbang keluargane. Suwe-suwe aku.....” Suluh ngomel terus karo nyopoti klambi sragame, banjur diuncalake nganti ceblok ana meja makan. Tas lan sepatune uga diuncalake saenggon-enggon, nganti pating slengkrah.

“Suluh, kowe apa wis lali karo kamarmu? Kene iki pawon, keneng apa tas, sepatu lan seragammu pating slengkrah ana kene?” ora dinyana-nyana ibu rawuh karo nyangking rantang gedhe.

Didukani kaya ngono Suluh ora meneng kaya biasane, nanging malah mangsuli, “Kula mangkel. Ibu panggah kemawon ribut mikiraken tanggi, lan mboten nggatekaken kula!”

“Sapa sing kandha yen ibu ora ngatekake kowe? Coba delengen, kowe dakgawakake sega, jangan, sak lawuhe pisan. Apa kaya ngene jenenge ora gati? Ibu ora kober masak sega merga....” durung rampung ibu ngendika keselak kusung-kusung ana tangga mlebu omah.

“Bu, Pak Dharmo ditabrak sepedha motor. Sakniki dirawat wonten rumah sakit umum!” kandhane wong iku gawe kagete ibu lan Suluh.

“Bap...Bapak....! swarane Suluh mandheg ing gorokan. Awake lemes nggreweli.

“Ora usah sumelang. Bapakmu slamet. Tatune ora pati mbebayani,” panglipure tangga mau karo ngrangkul pundhake Suluh.

Kanthi mripat mbrebes mili ibu ngringkesi barang-barang sing arep digawa, tumuli budhal menyang rumah sakit bareng karo tangga sing aweh kabar. Suluh tunggu omah. Rasa was sumelang sing ngebaki atine ndadekake bocah kuwi kaya wong bingung, ora ngerti apa kang kudu ditindakake. Rasa luwene ilang. Isane mung lungguh thenguk-thenguk ing kursi tamu kanthi mripat kumembeng luh.

Ora let suwe tangga-tangga padha teka niliki Suluh sinambi nakokake kahanane pak Dharmo. Mesthi wae ora bisa mangsuli merga dheweke durung mangerteni kahanane bapake.

Nganti tekan wengi tangga sing martakake teka-lunga kaya ora ana enteke. Tangga-tangga mau ana sing mara wong thok, ana sing teka kanthi nggawa panganan. Suluh ora ngira babar pisan yen tangga-tangganeduwe kawigaten semono gedhene marang dheweke lan keluargane.

Gedhene kawigaten iku tansaya ketok nalika ibu kondur saka rumah sakit lan nyritakake kahanane bapak. Miturut ngendikane ibu, bapakke kepeksa dioperasi kanggo mbenerake balunge sikil sing mleset lan pepes. Kamangka operasi iku ragade akeh, gek ibu blas ora kagungan tabungan.

“Biaya operasine pak Darmo, ben aku sing nanggung,” bulik Lis tawa-tawa bantuan.

Ora mung bulik Lis sing aweh pitulungan. Tangga-tangga liyane uga padha rebutan mbiyantu biaya pengobatan sasuwene dirawat ing rumah sakit.

“Bok menawa tangga-tangga padha welas nyawang keluargaku sing ora nduwe iki,” mangkono batine Suluh. “Nanging bisa uga merga tangga-tangga rumangsa kepotangan budi marang ibu sing tansah entheng mbantu liyan.”

Atine Suluh tansaya trenyuh. Luhe tumetes baka siji. Dheweke rumangsa salah, merga sasuwene iki rumangsa ora lila yen ibune rewang-rewang tangga. Kamangka saiki bareng bapake cilaka, ya tangga-tanggane mau sing padha aweh pitulungan. Coba, saumpama sasuwene iki ibu ora enthengan, apa ya kira-kira tangga-tangga ya semono hedhene kawigatene? njur piye nasibe bapak??! (Minggu III/Juli/2003).


Sawise nyemak  wacan  ing  dhuwur,  wangsulana  pitakon-pitakon  sing sumadiya ing ngisor iki kanthi patitis!

1.      Wacan ing dhuwur nyritakake bab apa?

2.      Sapa bae paraga kang ana ing crita iku? Kepriye watake?

3.      Pitutur apa kang bisa kapethik saka cerkak mau?

 Gladhen ing dhuwur dikerjakne ing buku tugas, banjur difoto lan dikirim ing link ngisor iki.



Comments

Popular posts from this blog

TEKS CERKAK

TEKS CERKAK

TEKS RAGAM BASA LAN BASA RINENGGA