TEKS RAGAM BASA LAN BASA RINENGGA
PERTEMUAN
6
A.
KOMPETENSI DASAR
3.1 Mengidentifikasi
struktur dan unsur kebahasaan dalam teks sesuai ragam bahasa dan gaya berbahasa
(basa rinengga/lalonget)
4.1 Menulis
erbagai bentk kaliat dengan meggunakn ram bahasa dan gaya berbahasa (basa rinengga/lalonget)
B.
TUJUAN
Setelah membaca teks cerita pendek, siswa diharapkan dapat
1.
Mengidentifikasi berbagai jenis gaya bahasa
(basa rinengga/lalongèt) dalam
teks.
C.
MATERI
BASA RINENGGA
Basa rinengga
salah sawijine lelewaning
basa (gaya bahasa)
asil kaprigelan olah basa
minangka sarana olah
rasa, olah jiwa,
lan olah karsa.
Lelewaning basa bisa katitik
saka pilihan tembung,
pangrakite ukara lan
wacana, sing tundhone
(urut-urutane) bisa ndadekake tambah endah,
nges, lan mentes.
Basa rinengga
iku basa kang
direngga, rengga tegese
paes. Basa rinengga tegese basa
sing dipaesi utawa
dipacaki supaya luwih
apik, endah, lan ngresepake. Basa rinengga bisa ditrapake
ana ing maneka warna ragam basa, gumantung
karo kaperluane. Lumrahe
basa rinengga kuwi
sing kerep digunakake ana
ing karya sastra,
antawacana ing upacara
adat, antawacana wayang lan
kethoprak, sanadyan ing
pasrawungan saben dina
uga kala-kala bisa ditemoni basa
rinengga.
Basa
rinengga sing dadi underane rembug ing wulangan iki winates paribasan,
bebasan, pepindhan, lan
saloka.
1. Bebasan
Bebasan, yaiku unen-unen
kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan (bandingne), sing dipindhakake
utawa dibandhingake iku kahanan lan ulah-kridhane (tingkah laku) manungsa.
Tuladha:
a. Nglungguhi klasa gumelar, tegese mung kari nemu penake.
b. Suduk gunting tatu
loro, tegese tumindak
ora bener pisan,
njalari kapitunan rong warna.
c. Nututi layangan pedhot,
tegese mburu barang
sepele sing asile
ora sumbut karo rekasane.
2. Saloka
Saloka yaiku unen-unen kang
ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake iku
wonge.
Tuladha:
a. Asu belang kalung
wang, tegese wong
asor nanging sugih
bandha donya.
b. Cebol nggayuh lintang, tegese wong sekeng/mlarat duwe
gegayuhan sing mokal kasembadan.
c. Kacang ora ninggal lanjaran, tegese sipate anak ora beda
adoh karo sipate wong tuwa.
3. Pepindhan
Pepindhan yaiku unen-unen
sing duwe teges emper-emperan utawa irib-iriban, diumpamakake kanggo mbangetake,
lumrahe nganggo tembung
lir, pindha, kadya, kaya, lan liya-liyane.
Tuladha:
a. Ketiban ndaru, tegese beja banget.
b. Sumbare kaya bisa mutung wesi gligen, tegese kaya ora ana
sing bisa ngalahake.
c. Srawunge kaya lenga karo banyu, tegese ora bisa rukun.
4. Paribasan
Paribasan yaiku unen-unen sing ajeg
panganggone, ngemu surasa
wantah. Tuladha:
a. Kebat kliwat, gancang
pincang, tegese tumindak
kanthi kesusu asile ora bakal maremake.
b. Anak polah bapa
kepradhah, tegese tingkah
polahe anak dadi tanggungjawabe wong tuwane.
c. Adigang-adigung-adiguna,
tegese ngendhelake kekuwatane, keluhurane, lan kepinterane.
GLADHEN
Wacaen kanthi permathi teks
ing ngisor iki!
Bapak
Polah Anak Kepradhah
Dening : Anjrah Lelono Broto
"Pak, njenengan ki
mbok ya nyebut.
Mungsuh Mas Hadi
kuwi kaya
timun mungsuh duren! Meh sewulan kepungkur, Ali manek-manekake
ngudhari apa kang bruwet ing sirahe menyang bapake. ….
Kelincipen. Meh wae
ukara iku mlumpat
saka lambene Ali.
Ning nyawang raine bapake sing semangat makantar-kantar, Ali ora
mentala. Mantan lurah sing dikojahake
bapake mau pancen
wong sugih mblegedhu,
sawahe pirang-pirang hektar, sapine
kang diparon-paronke mblasah
neng ngendi-endi. Malah
mantan lurah kidul kali kuwi duwe anak-duwe mantu pegawe bank. Nyendhal
dhuwit satus rong atus yuta
paribasane suwe mijet wohing
ranti. Sinambi watuk-dhehem sethithik akeh caire.
Ora nyilikake bapake kang mung jejer bayan lan ngramut sawah
warisan sak ilat , nanging mbok
iyaa bapake iki
nggunakake nalare kanthi wening.
Jer basuki mawa bea jarene. Ing jaman kebak pitukon kaya saiki,
apa kang ora kudu dituku dhisik sadurunge diduweni. Pengin dadi PNS wae kudu
tuku. Pengin dadi artis ya kudu tuku. Pengin dadi prangkat desa saiki ya kudu
tuku. Apa maneh dadi lurah? Apa
maneh dadi caleg ?
Ali asring maca neng
koran-koran yen caleg
kuwi kudu sangu rekomendhasi saka
partai. Kamangka rekomendhasi kuwi isane mudhun yen disinggek dhisik nganggo
dhuwit kang ora sethithik.
"Saiki bapake takon,
Li. Sejatine kowe iki ndhukung karepa bapak tah ora? Amarga kawit
wingi-wingi daksawang kayane
kok setengah hati, melu-melu melekan, ngrukuni tim sukses-e
bapak, uga ngrewangi ibumu lan wong-wong ing pawon…" Ali ora gage kumecap.
Lambene kaya kinonci gembok waja.
Lamat-lamat swara adzan Isya’ saka masjid wiwit
mampir ing kuping.
" Yen bapak kepenak uripe, ibumu, kowe, lan sedulur-sedulur liyane
rak ya melu ngrasakake ta, Li ? "
"Kula ndherek mawon, Pak. Namung, kula wiwit kraos yen kantun
pelajaran sekolah, gara-gara asring melekan, " saute Ali meh ora keprungu.
…."
Kayadene paribasan lawas sing saiki kuwalik. Yen bapak polah kuwi
anake ya kudu melu
kepradhah. Hahahaha……." guyune bapake
Ali keprungu kaya
gludhug ing mangsa kesanga-kesepuluh. Rasane keprungu tekan omahe Mas Hadi,
rivale bapake Ali kang mung dipisahake dalan. ….
*********
Pindha
layangan tanpa tali kang kagawa angin menyang
ngendi-endi, awake Ali krasa entheng. Ngleyang. Pindha rante sepedha kurang oli,
balungane awake Ali nyuwara pating
kriyet nuduhake nemene kesele. Ali kang nduweni awak ngiyeyet kuwi kaya-kaya kari balung karo entut,
amarga karamean ing omahe saben wengi. Ali nyelehake bokonge sing tepos ing
bangku kelas. Kelas isih sepi, iki mau
dheweke gage budhal sekolah
sakdurunge keri kaya
wingi gara-gara ngrewangi
ibune nyepakake suguhan kanggo
dhayohe bapake sing
rina wengi ngleset
ing teras omahe.
Ali pancen jan kesel sapol-pole. Wis karo tengah minggu iki, dheweke kurang turu amarga karepe bapake. Bapake kang wis mataun-taun pinercaya pendhudhuk kampunge jejer bayan iku nduweni karep kang luwih. Karepe bapake Ali iki ora kena sinangga entheng kanggone Ali sagotrah. Bapake pengin macung lurah jroning pilkades taun iki. Keneng apa ora kena sinangga entheng ? Amarga kang dadi mungsuhe kuwi lurah dhongkol kang kena diarani isih trahing kusuma rembesing madu….
Banjur golekana tembung
lan ukara sing dicithak miring sing
wujud basa rinengga tulisen, aranana jinise, jlentrehna tegese,
kaya tuladha ing ngisor!
NO |
UKARA |
JINISE BASA RINENGGA |
TEGESE |
1. |
kaya timun mungsuh
duren! |
Saloka |
wong
cilik mungsuh wong sing duwe panguwasa. |
2. |
|
|
|
3. |
|
|
|
Dst |
|
|
|
Gladhen ing dhuwur dikerjakne ing buku tugas, banjur difoto lan dikirim ing link ngisor iki.
Comments
Post a Comment