TEKS WAWANCARA
PERTEMUAN
8
A.
KOMPETENSI DASAR
3.1 Memahami kaidah
dalam kegiatan wawancara, dialog,
dan diskusi sesuai dengan tatakrama
4.1 Melakukan wawancara,
dialog, dan diskusi sesuai dengan
tatakrama
B.
TUJUAN
Setelah membaca teks cerita pendek, siswa diharapkan dapat
1.
Mengidentifikasi
struktur teks wawancara
C.
MATERI
TEKS WAWANCARA
Wawancara
yaiku kegiatan dhialog antarane
pewawancara utawa wong sing golek
informasi lan narasumber.
Pewawancara yaiku pawongan
sing golek informasi, dene
narasumber yaiku wong sing dadi sumbere pitakonan. Narasumber kudu wong sing
ngerti sakabehe informasi sing dibutuhake.
Tujuane wawancara
yaiku golek warta,
informasi, katrangan ngenani sawenehe bab
kanggo kaperluan tartamtu.
Tuladha, wartawan kang
lagi golek warta, murid-murid
kang oleh tugas nindakake paniliten, lan sapanunggalane. Teks wawancara
yaiku teks sing
nggambarake pacelathon utawa
dhialog antarane pewawancara karo narasumber.
Sajroning
nindakake wawancara ana bab-bab sing kudu digatekake, yaiku:
1. Nemtokake tujuan wawancara.
2. Nemtokake topik utawa tema sing arep ditakokake.
3. Nyiapake dhaftar pitakonan
minangka pedhoman nalika
nindakake wawancara lelandhesan 5W+1H.
4. Nganakake
pasetujon karo narasumber
kanggo nemtokake papan panggonan lan wektu wawancara.
5. Nindakake wawancara
lelandhesan dhaftar pitakonan
kang wis disiapake supaya nalika
nindakake wawancara bisa runtut lan genep, supaya pitakonan ora ana sing
kliwatan lan wawancara bisa tumata.
6. Nulis bab-bab sing penting utawa ngrekam pacelathon.
7. Nggunakake
unggah-ungguh sing apik
kanggo ngajeni marang narasumber.
STRUKTUR TEKS WAWANCARA
v Idhentifikasi
Ihentifikasi yaiku perangan
utawa bagean teks sing nerangake titikan (ciri), barang, tandha, lan
sapanunggalane.
v Klasifikasi/dhefinisi
Klasifikasi yaiku perangan utawa bagean teks kang mbagi
utawa milah manut
jinise utawa klompoke.
v Dheskripsi bagean
Dheskripi bagean yaiku perangan
teks sing nerangake
gegambaran sing luwih rinci.
TULADHA TEKS WAWANCARA
HOME INDUSTRI KRIPIK GEDHANG AGUNG
Bocah-bocah :
Assalamualaikum . . .
Bu Ninik : Wa’alaikum salam, mangga-mangga pinarak!
Hayo..., oleh tugas apa saka sekolahan?
Bocah-bocah : Punika
lo Bu, kanca-kanca kepengin nyuwun informasi bab kripik pisang prodhuk
panjenengan.
Sista : Rumah prodhuksi punika dipunparingi
nami punapa Bu?
Bu Ninik : Dakjenengi "Lestari" mbak, ben usaha iki bisa lestari terus.
Sista : Sampun dangu ta Bu, panjenengan
mbikak usaha punika?
Bu Ninik : Ya wis suwe banget, wong wiwit aku isih
cilik kok.
Sista : Yuswa panjenengan sapunika pinten
bu?
Bu Ninik : 67 taun.
Sista :
Kejawi kripik pisang
kripik ingkang dipunprodhuksi punika
kripik
punapa kemawon?
Bu Ninik : Kripik pohung, pisang, sukun, tela wungu,
lan bothe.
Sista : Kadospundi wiwitanipun kok bu
Ninik ngedegaken usaha kripik
pisang punika?
Bu Ninik :
Wiwitane aku mung mrodhuksi kripik pohung, sebabe wektu kuwi bahan
bakune gampang. Nanging sawise kuwi sing dadi unggulan malih kripik gedhang
utawa pisang. Sebabe ing dhaerah kene sing diunggulake tanduran pisang.
Desi : Taun pinten panjenengan wiwit
prodhuksi kripik pisang punika?
Bu Ninik : Taun 2000 mbak.
Desi :
Kados pundi langkah-langkah pandamele kripik bu?
Bu Ninik : Pisang dionceki, diumbah banjur diiris
lan diumbah maneh nganti resik. Sawise kuwi dibumboni lan dikum watara 10
nganti 20 menit, banjur digoreng nganggo minyak panas.
Risky : Punapa kemawon raos kripik pisang
prodhuk panjenengan bu?
Bu Ninik : Nganti seprene prodhuksine original,
rasa asin, manis, pedhes, lan rasa bawang.
Sista :
Kadospundi mula bukanipun kok kripik pisang agung saged dados
panganan khas ing Lumajang bu?
Bu Ninik : Daerah Lumajang akeh banget ngasilake
gedhang agung. Dening masyarakat gedhang
mau diolah dadi kripik maneka warna rasane. Pranyata prodhuk
mau laris banget
ing pasaran, nganti
kawentar tekan njaban kutha.
Sista :
Punapa wonten variasi
raos sanesipun ingkang dipunrembakakaken?
Bu Ninik :
Inisiatif kanggo ngembangake
variasi rasa wis
ana, kayata: rasa coklat, rasa keju, lan rasa balado.
Variasi rasa mau wis tau dicoba, nanging kurang disenengi, lan ongkos
prodhuksine larang.
Toni : Pisang agung saged didamel
punapa kemawon bu?
Bu Ninik :
Pancen wiwit biyen
gedhang agung wis
dadi prodhuk unggulan, diolah dadi nagasari, sale, gedhang goreng, gedhang godhog, lan digawe
kripik.
Sista : Kados pundi pengemasanipun bu?
Bu Ninik : Kanggo prodhuk olahan gedhang sing garing,
pengemasane jaman biyen nganggo plastik dislomot geni saka lilin utawa ublik.
Nanging saiki jaman saya
tambah maju, mula
pengemasan wis kanthi modern. Aku nggunakake teknologi mesin
press. Saliyane iku uga ditambahi
merk utawa cap ing kemasane.
Senajan biayane pengemasan
larang.
Sista : Kados pundi caranipun masaraken
kripik pisang punika?
Bu Ninik :
Biyen pemasaran bisa nganti Lamongan, Madura, lan sakupenge. Saiki konsumen
kang teka ing mrene.
Toni : Biasanipun panjenengan pikantuk
order saking pundi kemawon?
Bu Ninik : Paketan
Lebaran, Paketan Liburan,
Paketan Tamu saka
Pemda nalika ana tamu.
Kanggo tamu sing wis
pirsa kualitas lan
rasane kripik "Lestari" bisa mara dhewe.
Sista : Kadospundi prodhuksi kripik
pisang ing Lumajang?
Bu Ninik :
Prodhuksi kripik gedhang
ing Lumajang saya
ngrembaka. Jumlah pesenan lan
prodhuksi ora sabandhing,
luwih akeh pesenane dibandhing prodhuksine. Saiki wis
akeh dhaerah-dhaerah saliyane Lumajang kang mrodhuksi kripik,
kayata Banyuwangi lan Malang.
Toni : Bu, kula
sakanca ngaturaken panuwun
ingkang tanpa upami, panjenengan sampun kersa nampi kanthi
sae.
Bu Ninik : Iya nak, padha-padha.
Bocah-bocah : Kepareng
nyuwun pamit, assalamualaikum
Bu Ninik : Waalaikumsalam
Comments
Post a Comment