TEKS WAWANCARA



PERTEMUAN 9

 

A.     KOMPETENSI DASAR

3.1  Memahami  kaidah  dalam  kegiatan wawancara,  dialog,  dan  diskusi  sesuai dengan tatakrama

4.1  Melakukan  wawancara,  dialog,  dan diskusi sesuai dengan tatakrama

 

B.     TUJUAN

Setelah membaca teks cerita pendek, siswa diharapkan dapat

1.      Mengidentifikasi unsur kebahasaan dalam teks wawancara dengan cermat.

 

C.      MATERI

UNSUR KEBAHASAAN DALAM TEKS WAWANCARA

Ing sajroning teks wawacara ana jinise ukara kang dienggo supaya wawancarane iku trep lan gampang dimangerteni. Ukara ing kene dibagi dadi loro.

1.     Ukara  tanduk  lan tanggap

a.       Ukara tanduk (kalimat aktif)

Ukara tanduk yaiku  ukara  sing  jejere (subjek)  nindakake  pagawean  utawa pakaryan.  Jalaran nindakake pagawean titikane  wasesane (predikat)  migunakake tembung kriya tanduk.

Titikane (ciri) ukara tanduk

Ø  Jejere (S) nindakake pagaweyan

Ø  Wasesane (P) tembung tanduk [lingga + ater-ater anuswara (an, any, am, ang)]

Ø  Lisane (O) dikenani pagaweyan

Tuladha:

a.       Dika nulis surat kanggo kancane ing Malang.

b.      Ani nyapu omahe nganti resik.

c.       Aku maca buku ing perpustakaan.

d.      Sumantri nggoleki adhine.

 

b.      Ukara tanggap (kalimat pasif)

Ukara tanggap, yaiku  ukara  sing  jejere  dikenani  pagawean  utawa pakaryan. Titikane ukara tanggap wasenane migunakake tembung kriya tanggap.

Titikane (ciri) ukara tanggap

Ø  Jejere (S) dikenani pagaweyan

Ø  Wasesane (P) tembung tanggap [lingga + ater-ater tripurusa (dak, kok, di)]

Ø  Lisane (O) nindakake pagaweyan

Tuladha:

a.       Omahe wis daksapu nganti resik.

b.      Kripik  gedhang  agung  didadekake  unggulan  kabupaten Lumajang.

c.       Bukuku sing kokgawa aja lali dirumat.

 

2.     Ukara pitakon

Ukara pitakon yaiku ukara kang isine nakokake sawenehe bab. Titikane ukara pitakon yaiku anane tembung pitakon. Jinise tembung pitakon akeh, asring diarani 5W1H. Unsur 5W1H iki kudu ana ing sajroning wawancara supaya isi wawancara iku lengkap.

Unsur 5W lan 1H ing teks wawancara

a.       What tegese apa. Tembung apa gunane kanggo nakokake barang.

b.      Who tegese sapa. Tembung sapa gunane kanggo nakokake wong.

c.     Why tegese geneya. Tembung geneya, kadhang uga dianggo tembung kena apa, nyangapa gunane kanggo nakokake alasan.

d.      When tegese kapan. Tembung kapan gunane kanggo nakokake wayah utawa wektu.

e.       Where tegese ing endi.  Tembung ing endi gunane kanggo nakokake papan panggonan.

f.        How tegese kepriye. Tembung kepriye gunane kanggo nakokake cara.

  

                                    HOME INDUSTRI KRIPIK GEDHANG AGUNG

 

Bocah-bocah  : Assalamualaikum . . .

Bu Ninik         : Wa’alaikum salam, mangga-mangga pinarak! Hayo..., oleh tugas apa saka sekolahan?

Bocah-bocah  : Punika lo Bu, kanca-kanca kepengin nyuwun informasi bab kripik pisang prodhuk panjenengan.

Sista                : Rumah prodhuksi punika dipunparingi nami punapa Bu?

Bu Ninik         : Dakjenengi "Lestari"  mbak, ben usaha iki bisa lestari terus.

Sista                : Sampun dangu ta Bu, panjenengan mbikak usaha punika?

Bu Ninik         : Ya wis suwe banget, wong wiwit aku isih cilik kok.

Sista                : Yuswa panjenengan sapunika pinten bu?

Bu Ninik         : 67 taun.

Sista                :  Kejawi  kripik  pisang  kripik  ingkang  dipunprodhuksi  punika  kripik

punapa kemawon?

Bu Ninik         : Kripik pohung, pisang, sukun, tela  wungu,  lan bothe.

Sista                : Kadospundi wiwitanipun kok bu Ninik ngedegaken usaha kripik

pisang punika?

Bu Ninik         :  Wiwitane aku mung mrodhuksi kripik pohung, sebabe wektu kuwi bahan bakune gampang. Nanging sawise kuwi sing dadi unggulan malih kripik gedhang utawa pisang. Sebabe ing dhaerah kene sing diunggulake tanduran pisang.

Desi                 : Taun pinten panjenengan wiwit prodhuksi kripik pisang punika?

Bu Ninik         : Taun 2000 mbak.

Desi                 : Kados pundi langkah-langkah pandamele kripik bu?

Bu Ninik         : Pisang dionceki, diumbah banjur diiris lan diumbah maneh nganti resik. Sawise kuwi dibumboni lan dikum watara 10 nganti 20 menit, banjur digoreng nganggo minyak panas.

Risky               : Punapa kemawon raos kripik pisang prodhuk panjenengan bu?

Bu Ninik         : Nganti seprene prodhuksine original, rasa asin, manis, pedhes, lan rasa bawang.

Sista                :  Kadospundi mula bukanipun kok kripik pisang  agung saged dados

panganan khas ing Lumajang bu?

Bu Ninik         : Daerah Lumajang akeh banget ngasilake gedhang agung.  Dening masyarakat gedhang mau diolah dadi kripik maneka warna rasane. Pranyata  prodhuk  mau  laris  banget  ing  pasaran,  nganti  kawentar tekan njaban kutha.

Sista                :  Punapa  wonten  variasi  raos  sanesipun  ingkang dipunrembakakaken?

Bu Ninik         :  Inisiatif  kanggo  ngembangake  variasi  rasa  wis  ana,  kayata:  rasa coklat, rasa keju, lan rasa balado. Variasi rasa mau wis tau dicoba, nanging kurang disenengi, lan ongkos prodhuksine larang.

Toni                : Pisang agung saged didamel punapa kemawon bu?

Bu Ninik         :  Pancen  wiwit  biyen  gedhang  agung  wis  dadi  prodhuk  unggulan, diolah dadi nagasari, sale,  gedhang goreng, gedhang godhog, lan digawe kripik.

Sista                : Kados pundi  pengemasanipun bu?

Bu Ninik         : Kanggo prodhuk olahan gedhang sing garing, pengemasane jaman biyen nganggo plastik dislomot geni saka lilin utawa ublik. Nanging saiki    jaman  saya  tambah  maju,  mula  pengemasan  wis  kanthi modern. Aku nggunakake teknologi mesin press. Saliyane iku uga ditambahi  merk  utawa  cap  ing  kemasane.  Senajan  biayane pengemasan larang.

Sista                : Kados pundi caranipun masaraken kripik pisang punika?

Bu Ninik         :  Biyen pemasaran bisa nganti Lamongan, Madura, lan sakupenge. Saiki konsumen kang teka ing mrene.  

Toni                : Biasanipun panjenengan pikantuk order saking pundi kemawon?

Bu Ninik       :  Paketan  Lebaran,  Paketan  Liburan,  Paketan  Tamu  saka  Pemda nalika  ana  tamu.  Kanggo tamu  sing  wis  pirsa  kualitas  lan  rasane kripik "Lestari" bisa mara dhewe.

Sista                : Kadospundi prodhuksi kripik pisang ing Lumajang?

Bu Ninik        :  Prodhuksi  kripik  gedhang  ing  Lumajang  saya  ngrembaka.  Jumlah pesenan   lan  prodhuksi  ora  sabandhing,  luwih  akeh  pesenane dibandhing prodhuksine.  Saiki wis  akeh  dhaerah-dhaerah  saliyane Lumajang kang mrodhuksi kripik, kayata Banyuwangi lan Malang.

Toni           : Bu,  kula  sakanca  ngaturaken  panuwun  ingkang  tanpa  upami, panjenengan sampun kersa nampi kanthi sae.

Bu Ninik         : Iya nak, padha-padha.

Bocah-bocah  : Kepareng nyuwun pamit, assalamualaikum

Bu Ninik         : Waalaikumsalam


GLADHEN

 

1.     Wacanen teks wawancara ing dhuwur kanthi permati. Jingglengana  sing  patitis  ing  saben  pacelathon  antarane pewawancara lan narasumber.

2.      Dhaftaren ukara tanduk, tanggap, lan pitakon sing ana ing teks wawancara kasebut! Saben jinise ukara temtokna 3 ae!

3.      Banjur dikirim lewat link ing ngisor iki. 


8A https://forms.gle/QcryePFBovBLeaaD8


8B https://forms.gle/MvE8ByeChwcziebR8


8C https://forms.gle/wKz9RZWHWTPRPi9e7


8D https://forms.gle/6gUG5MMaY7gXsBb76

 

 

 

 

Comments

Popular posts from this blog

TEKS CERKAK

TEKS RAGAM BASA LAN BASA RINENGGA

TEKS CERKAK