TEKS WAWANCARA
PERTEMUAN
10
A.
KOMPETENSI DASAR
3.1 Memahami kaidah
dalam kegiatan wawancara, dialog,
dan diskusi sesuai dengan tatakrama
4.1 Melakukan wawancara,
dialog, dan diskusi sesuai dengan
tatakrama
B.
TUJUAN
Setelah membaca teks cerita pendek, siswa diharapkan dapat
1.
Menulis teks laporan hasil wawancara dengan cermat.
C.
MATERI
NYUSUN PEDHOMAN WAWANCARA
Sadurunge
nindakake wawancara luwih dhisik kudu
nyiapake dhaftar pitakonan minangka
pedhoman nalika nindakake
wawancara. Pedhoman wawancara
ditulis lelandhesan 5W+1H.
Informasi apa bae
sing arep ditakokake gegayutan karo pitakonan apa,
sapa, kapan, geneya, neng endi, lan kepriye. Nyusun dhaftar pitakonan kudu
migatekake undha-usuke basa. Undha-usuke basa sing dienggo gumantung sapa
narasumbere sing arep diwawancarani. Kejaba kuwi isine pitakonan dicundhukake
karo tema.
Bab-bab sing kudu digatekake nalika wawancara kaya ing ngisor
iki.
1.
Ngerteni sapa
sing dijak wawancara,
luwih enom, sadrajad
apa luwih tuwa.
2.
Ngetrapake unggah-ungguh
basa cundhuk karo umure narasumber.
3.
Yen narasumber lagi omong
aja nganti munggel rembug.
4.
Pitakon kudu runtut
lelandhesan pedhoman wawancara.
5.
Migatekake wangsulan saka
narasumber.
TEKNIK NYUSUN ASILE WAWANCARA
Nulis teks asil
wawancara ditindakake sawise
nindakake wawancara karo
narasumber.
Ana bab-bab sing kudu digatekake kaya sing ngisor iki.
1.
Teks wawancara ditulis
sawise nindakake wawancara.
2.
Carane nulis sing takon
minangka paraga pewawancara, sing mangsuli dadi paraga narasumber.
3.
Olehe nulis ora kena
nyimpang saka dhata sing ditulis utawa direkam nalika wawancara.
4.
Dhata ditulis kanthi runtut
lan ganep manut asil wawancara.
GLADHEN
1.
Goleka narasumber
ing sacedhake omahmu.
2.
Gawea teks wawancara sing
prasaja wae kanthi tema "kesehatan"!
3. Banjur dikir lewat link
8A https://forms.gle/nmYwK7fVe7kBpg7r9
8B https://forms.gle/hEoWeaN3PLHREjT89
8C https://forms.gle/fTX7fW32tJcUSnEAA

Comments
Post a Comment