TEKS LAYANG 3


A.     KOMPETENSI DASAR

3.4  Memahami   struktur teks, unsur  kebahasaan  dalam menulis  berbagai  jenis  surat dan iklan sesuai konteks.

4.4  Menulis  berbagai  jenis  surat dan  iklan  sesuai  dengan kaidah dan konteks.

 

B.     TUJUAN

Setelah membaca teks surat, siswa diharapkan dapat

1.      mengidentifikasi kaidah kebahasaan teks surat dengan tepat.

 

C.      MATERI

UNSUR BASA TEKS LAYANG

Nalika  nulis  layang  kudu  mangerteni  jinise  ukara  sing  arep  dianggo. Biasane,  ukara sing  dianggo nulis layang  iku mau nduweni surasa dhewe-dhewe.  Umume antarane nyritakake kahanan,  nakokake kabar,  pangareparep, lan liya-liyane. Unsur basa kang ana ing teks layang kaya ing ngisor iki.

1.     Ukara Carita

Minggu ngajeng kula sampun libur.

Ukara ing dhuwur iku kalebu tuladhane ukara carita. Ukara carita, yaiku ukaran kang isine nyritakake sawijining  bab,  kedadean,  utawa  sawijining  kaanan  marang  wong liya. Titikane, ukara carita iki dipungkasi kanthi tanda titik (.).

Tuladha liyane kaya ing ngisor iki.

a.       Kula lan keluarga Pacitan pinaringan sehat sedanten.

b.      Omahe Deni wingi kobongan amarga listrike konslet.

c.       Kula sampun tumbas tiket kreta jurusan Surabaya.

 

2.     Ukara Pitakon.

Pripun pawartane keluarga ing Solo?

Ukara ing dhuwur iku kalebu ukara pitakon. Ukara pitakon, yaiku ukara kang isine njaluk   katrangan  marang wong  sing  maca  utawa  sing  diajak  guneman.  Ukara  iki  umume migunakake tembung pitakon apa, piye, pripun, kados pundi, sinten,

sapa lan pira. Ukara pitakon diunkasi kanthi tanda takon (?).

Tuladha liyane kaya ing ngisor iki.

a.       Bapak napa sampun kondur saking Malang?

b.      Panjenengan badhe tumbas napa?

c.       Napa leres niki dalemipun bu Lurah?

 

3.      Ukara Sananta

Kula benjing ndherek nyipeng watawis seminggu

Ukara ing dhuwur iku kalebu ukara sananta. Ukara sananta, yaiku ukara kang isine niat, karep, utawa sedya. Ananging, kang duwe niat utawa sedya mau awake dhewe (wog sing gunem/ngomong). Mesthi bae ukara iki durung kelakon utawa durung katindakake jalaran isih awujud niat.

Tuladha liyane kaya ing ngisor iki.

a.       Aku nggawa payung supaya engko ora kudanan.

b.      Sesok sore Rika les nari amarga pingin menang lomba sing dianakake ing kabupaten.

c.       Sesok awan aku arep sinau klompok ing omahe Nisa.

 

UNGGAH-UNGGUH BASA

Nalika nulis layang, unggah-ungguh uga perlu digatekake. Amarga layang iku bakal dikirim marang wong liya, bisa marang wong sing luwih enom, sapadha, utawa sing luwih tuwa utawa. Nalika nulis layang marang wong kang luwih tuwa kudune nggunakake unggah-ungguh basa kang beda. Kanggo nulis layang marang wong kang luwih tuwa nggunakake basa krama.

Basa  krama  iku dibedakake dadi loro, karam lugu lan krama alus.

1.      Krama Lugu

Krama lugu, yaiku basa kang tembunge lugu/krama kabeh ora kacampuran tembung krama inggil.

Basa krama lugu iku digunakake kanggo

a)     Guneman marang wong sing sadrajad (sebaya) sing durung kulina (during akrab)

Tuladha:

Ø  Sampeyan badhe kesah dhateng pundi?

 

2.      Krama Alus

Krama alus, yaiku basa kang tembunge alus lan kacampuran tembung krama inggil.

Basa krama lugu iku digunakake kanggo

a)     Wong enom marang wong tuwa

b)     Marang wong sing luwih dhuwur drajade

Tuladha:

Ø  Panjenengan badhe tindak dhateng pundi?

Comments

Popular posts from this blog

TEKS CERKAK

TEKS CERKAK

TEKS RAGAM BASA LAN BASA RINENGGA