TEMBANG DHANDHANGGULA
PERTEMUAN 1
A. KOMPETENSI DASAR
3.5 Memahami struktur teks,
unsur kebahasaan, dan pesan
moral tembang macapat secara lisan dan tulis.
4.5 Mengubah
teks tembang macapat menjadi teks prosa
B. TUJUAN
Setelah membaca atau
mendengarkan tembang macapat, siswa dapat
1. mengidentifikasi jenis-jenis tembang macapat dengan
teliti.
2. mengidentifikasikan
struktur teks tembang macapat dengan cermat.
C. RINGKASAN MATERI
DHANDHANGGULA
Jungkat siti panggaraping sabin,
laku saru datan ilok tenan,
tadhah udan sing ginawe,
den ilangana sampun,
awit iku kang dadi ciri,
tumrap manungsa gesang,
awon dadosipun,
lamun saru trus binekta,
iki jeneng nistha kang tanpa upami,
tan pinercayeng liyan.
TEMBANG
MACAPAT
Ing dhuwur wis dicontohne babagan tembang pucung. Ing
tembang iku, ana patang baris. Isine yaiku yen arep golek ilmu kudu dilakoni
kanthi mempeng, ojo gampang cupet ati lan pikirane. Nalika golek ilmu kudu
dilakoni kanthi tulus ikhlas amarga ketulusan budi iku dadi dalan kanggo
ngilangi ala lan bodho.
Tembang pucung iku salah siji jinise tembang macapat.
Tembang macapat, yaiku tembang tradhisional
kang ana ing tanah Jawa.
Diarani tradhisional amarga
tembang iku kaiket dening
guru gatra, guru
wilangan, lan guru
lagu. Macapat tegese
maca papat-papat, yaiku carane
maca mandeg saben
patang wanda (suku kata).
Tembang macapat
iku jinise ana 11. Saben-saben tembang duweni paugeran lan
watak tartamtu.
No. |
Jenenge
Tembang |
Watak tembang |
1. |
Maskumambang |
Nelangsa,
kanggo medharake rasa pangrasa kang ngeres, nggreges, nalangsa karanta-ranta |
2 |
Pucung |
Kendho
tanpa greget saut kanggo ing carita kang sajak mung sakepenake, tanpa
kamempengan. |
3. |
Megatruh |
Sedhih
kingkin kaworan nglokro, kanggo medharake rasa gegetun pungun-pungun,
nelangsa karanta-ranta. |
4. |
Gambuh |
Rumaket,
kulina, kanggo medharake pitutur kang rada sereng merga wis keduga, lumrahe
nganggo basa ngoko, basane wong kang wis kulina raket sesrawungane. |
5. |
Mijil |
Wetuning
rasa, kanggo medharake pitutur, uga kena kanggo carita gandrungan. |
6. |
Kinanthi |
Seneng,
tresna, lan asih, kanggo medharake piwulang carita kang ngemu rasa asmara,
gandrung-gandrung. |
7. |
Durma |
Galak,
muntab, kanggo medharake rasaning ati kang nepsu utawa kanggo ing carita
perang. |
8. |
Pangkur |
Sereng,
kanggo ing carita kang ngemu surasa sereng. |
9. |
Asmaradana |
Sedhih,
sengsem, prihatin marga ketaman ing rasa asmara, kanggo ing carita kang
medharake asmara. |
10. |
Sinom |
Grapyak,
renyah, kanggo sesorah, mituturi. |
11. |
Dhandhanggula |
Luwes,
resep, lumrahe kanggo bebuka, medharake piwulang, gandrungan, lan kanggo
panutuping karangan kang sinawung ing tembang. |
STRUKTUR TEMBANG MACAPAT
Tembang macapat iku duweni sruktur utawa paugeran kang
wis ditemtokake. Paugeran ing tembang macapat iku ana telu kaya jlentrehan ing
ngisor iki.
1.
Guru gatra, yaiku cacahing
gatra (larik/baris) kang ana ing saben pada (bait).
2.
Guru wilangan, yaiku cacahing
wanda (suku kata) ing saben gatra.
3.
Guru lagu, yaiku tibaning
swara ing pungkasaning gatra (swara a/ i/ u/ e/ o).
Saka 11 jinise tembang macapat iku, duwe paugeran
dhewe-dhwewe. Supaya luwih mangerteni paugeran saka masing-masing jinise
tembang, gatekno tabel ngisor iki. Tembang ing ngisor iki diurutne miturut
cacahe baris.
NO. |
JINISE
TEMBANG |
GURU
GATRA |
GURU WILANGAN LAN GURU LAGU |
|||||||||
1 |
2 |
3 |
4 |
5 |
6 |
7 |
8 |
9 |
10 |
|||
1. |
Maskumambang |
4 |
12i |
6a |
8i |
8a |
|
|
|
|
|
|
2 |
Pucung |
4 |
12u |
6a |
8i |
12a |
|
|
|
|
|
|
3. |
Megatruh |
5 |
12u |
8i |
8u |
8i |
8o |
|
|
|
|
|
4. |
Gambuh |
5 |
7u |
10u |
12i |
8u |
8o |
|
|
|
|
|
5. |
Mijil |
6 |
10i |
6o |
10e |
10i |
6i |
6u |
|
|
|
|
6. |
Kinanthi |
6 |
8u |
8i |
8a |
8i |
8a |
8i |
|
|
|
|
7. |
Durma |
7 |
12a |
7i |
6a |
7a |
8i |
5a |
7i |
|
|
|
8. |
Pangkur |
7 |
8a |
11i |
8u |
7a |
12u |
8a |
8i |
|
|
|
9. |
Asmaradana |
7 |
8i |
8a |
8e/o |
8a |
7a |
8u |
8a |
|
|
|
10. |
Sinom |
9 |
8a |
8i |
8a |
8i |
7i |
8u |
7a |
8i |
12a |
|
11. |
Dhandhanggula |
10 |
10i |
10a |
8e |
7u |
91 |
7a |
6u |
8a |
12i |
7a |
Saliyane
kaiket guru gatra,
guru wilangan, lan
guru lagu, tembang macapat uga
nduweni titi laras lan
cakepan. Titi laras,
utawa cukup diucapke laras, kaperang dadi loro, yaiku
laras slendro lan laras pelog. Kang
dadi titikane laraS slendro, yaiku ana 5 swara kang dumadi saka swara 1 2 3 5 6, ora ana
swara 4 (papat)
karo 7 (pitu). Laras pelog iku nduweni 7 swara. Dumadi saka 1 2 3 4 5 6 7. Cakepan,
yaiku naskah, teks,
utawa syaire tembang
macapat. Cakepan tembang iki
sejatine ora beda
karo wangun geguritan.
TULADHA WANGUN STRUKTUR TEMBANG MACAPAT
Comments
Post a Comment