TEMBANG DHANDHANGGULA
PERTEMUAN 2
A. KOMPETENSI
DASAR
3.5 Memahami struktur
teks, unsur kebahasaan, dan
pesan moral tembang macapat
secara lisan dan tulis.
4.5 Mengubah
teks tembang macapat menjadi teks prosa
B. TUJUAN
Setelah
membaca atau mendengarkan
tembang macapat, siswa dapat
1. Mengidentifikasi unsur kebahasaan tembang dandanggula
dengan cermat.
2. mengidentifikasi isi tembang
dandanggula dengan tanggung jawab.
C. RINGKASAN MATERI
TEMBANG MACAPAT
Tembang macapat iku salah
sjiine seni budaya Jawa kang isik ngrembaka nganti jaman saiki. Tembang macapat
iki migunakake basa kang endah nalika diwaca utawa dirungokake. Kaendahane basa
iki amarga ing tembang dandanggula uga tembang macapat liyane migunakake basa
rinengga. Uga bisa dicampur nganggo basa padinan supaya luwih gampang
mnagerteni isine tembang.
Tuladha
Werdining kang wasita jinarwi,
wruh ing kukum iku watekira,
adoh marang kanisthane,
pamicara puniku,
weh resepe ingkang miyarsi,
tatakrama puniku,
ngedohke panyendhu,
kagunan iku kinarya,
ngupa boga dene kalakuan becik,
weh rahayuning raga.
Tegese tembung-tembung sing angel
Werdi : makna
Warsita :
pitutur
Jinarwi :
kandha, dikandhakake
Kanisthan :
tumindak ala
Miyarsi :
ndelok
Kagunan :
kabisan/ketrampilan
Boga : pangan
Rahayu :
slamet
ISI TEMBANG
MACAPAT DHANDHANGGULA
Tembang macapat iku
mujudake karya sastra
kang lumrahe ditulis
kanthi basa rinengga. Mula saka
iku, kanggo mangerteni
isine tembang mau
kudu digancarake luwih dhisik. Sing diarani gancaran yaiku prosa
(karangan bebas). Dadi nggancarake tembang ateges
ngowahi tembang dadi
prosa. Carane nggancarake tembang kaya mangkene:
1. Negesi saben
tembung kanthi nggoleki ing bausastra (Kamus Basa Jawa)
2. Ngrakit tembung-tembung mau
dadi ukara kanthi
paugeran panulise karangan gancaran/prosa, kanthi
cara bisa nambahi
tembung katrangan, tembung
panggandheng.
3. Panulisane
kudu ngugemi tata tulis lan tandha wacan sing bener.
Gancare tembang kaya mangkene:
Wose sawijining pitutur, wong urip kudu ngerti ukum supaya adoh saka tumindak ala. Yen micara iku kudu gawe seneng atine uwong. Tatakrama iku bisa ngedohake rerasanane uwong. Katrampilan iku digunakake kanggo nyambut gawe, dene tumindak becik iku perlu supaya uripe bisa slamet.
GLADHEN!
Gatekna
tembang iki!
Pamedhare wasitaning ati,
cumantaka aniru Pujangga,
dahat mudha ing batine,
nanging kedah ginunggung,
datan weruh yen keh ngesemi,
ameksa angrumpaka,
basa kang kalantur,
tutur kang katula-tula,
tinalaten rinuruh kalawan ririh,
mrih padhanging sasmita.
Sasmitaning
ngaurip puniki,
mapan ewuh
yen ora weruha,
tan jumeneng
ing uripe,
akeh kang
ngaku-aku,
pangrasane
sampun udani,
tur durung
wruh ing rasa,
rasa kang
satuhu,
rasaning
rasa punika,
upayanen
darapon sampurna ugi,
ing kauripanira.
Golekana tetembungan kang bisa nyengkuyung endahe tembang iku,
saengga nuduhake yen pangripta
ora nggunakake tetembungan
kang salugune kang gampang dimangerteni dening bebrayan!
NO. |
TEMBUNG |
TEGESE |
1. |
|
|
2. |
|
|
3. |
|
|
4. |
|
|
5. |
|
|
6. |
|
|
dst |
|
|
Banjur gancarno tembang inh dhuwur iku nganggo basamu dhewe!
Tugas dikrim ing link ngisor iki
8A https://forms.gle/1wAagip1ihTp3UjP9
8B https://forms.gle/4qvpi9rxLWRnaQVv6
8C https://forms.gle/RbMhEanwxBr9uiLr6
8D https://forms.gle/uvwg5rqWsmc7Et4M7
Comments
Post a Comment